Sabtu, 23 April 2011

Undha-usuking Basa Jawa




Jatidhirining wong Jawa kuwi tansah nengenake tatakrama lan urmat marang wong liya. Tatakrama apadene pakurmatan kaudi lumantar subasita. Subasita kang adhedhasar tumindak kang ngener marang kasusilan. Ing reh tatakrama, wong Jawa tansah seneng migunakake tembung-tembung kang tebete ora ngunggul-unggulake dhiri pribadhine. Ujare wong winasis (pinter) "Sing sapa ngunggul-unggulake dhirine bakal diasorake, nanging sing sapa ngasorake dhirine bakal diunggulake". Cak-tumindak tatakrama apadene pakurmatan banjur nuwuhake basa kang tansah ngajeni marang wong liya. Wondene katrangan tataran basa Jawa kang jumbuh karo unggah-ungguh sarta undha usuking basa bisa diundhuh ana : ing kene

Tidak ada komentar: